Pages

Wednesday, May 18, 2011

Piwulangan Basa Jawa ( Part 1 )

A. Asiling Tetanen
Asiling tetanen kaperang dadi 5 :
• Pala gumantung
Tuladhane pala gumantung yaiku kates, gedhang, lll.
• Pala kasimpar
Tuladhane pala kasimpar yaiku melon, timun, semangka, waluh, lll.
• Pala kapendhem
Tuladhane pala kapendhem yaiku kentang, tela pendhem, uwi, gembili, lll.
• Pala wijo
Tuladhane pala wijo yaiku dele lan liya- liyane
• Pala kirna
Tuladhane yaiku pelem, duren, rambutan, lll.

B. Lemah Tetanen
Lemah tetanen kaperang dadi 7 :
• Sawah
Sawah yaiku lemah tetanen kang ditanduri pari
• Talun
Talun yaiku sawah kang mapanne ing pegunungan
• Pagagan
Pagagan yaiku sawah kang ditanduri pari gogo
• Pategalan
Pategalan yaiku lemah kang isoh ditanduri kabeh jinising pala
• Pekarangan
Pekarangan yaiku lemah tetanem ing kiwo tengene omah
• Pakebonan
Pakebonan yaiku lemah tetanem ing kiwo tengene pekarangan
• Pagajih
Pagajih yaiku lemah tetanen ing kiwo tengene bengawan

(menawi wonten kalepatan, kula nyuwun agunge pangapunten)

2 comments: